Kirim Karya

SKSP Book Store
No Result
View All Result
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan
No Result
View All Result
SKSP Book Store
No Result
View All Result
Home Gurit

Geguritan Jarot Citrowinarno Setyoko

Admin by Admin
2 Juli 2024
0
Geguritan Jarot Citrowinarno Setyoko
Share on TelegramShare on WhatsappShare on Twitter

 

 

GURIT SAPUNGKURE CAHYA

   : Pak
Dharmadi


Iki dudu babagan langit sap pira

kang tinembus lungiting tembung lan pada,

nanging bab sepira tataging sunaring surup

kang kemlawe pindha slendhang sandhekala

tanpa kendhat ngreranggeh pucuk-pucuk jati aking,

sanajan padhang kang kasisa mung bisa ninggal japa

lan nguntabake dina marang jaman tan kinawruhan


(Oh Bapa, mesthi panjenengan kelingan
lakon Bhisma

kang ora tumekeng
ati jebol Jonggring Salaka

kanti jemparing kang
bisa memba kridhaning naga
)


Saengga angin kang kelangan daya, lan jumangkah

kanti was sumelang sajembaring ara-ara bera

isih saguh ngugemi prasetyaning gerimis

kang bakal neba salumahing suket garing,

supaya geguritanmu kang nglangut pindha donga

isih bisa tak deder sauruting tritis raina

mrajak semi, ngrembaka sadawaning mangsa.

 

(Oh Bapa, saumpama panjenengan
mangarteni,

jangkah panjenengan kang
tanggon sapungkure cahya

luwih kuwawa
nuwuhake sasmita lan pengarep-arep

tinimbang sakehing
tembang lan ukara
)

 

Purbalingga, September 2020

 



SEWU TAUN DAK LIWATI

 

Sewu taun, aku panggah jejeg ing kene,

kanti sewu jemparing kang isih tumancep ing raga

tumapak sandhuwuring jaman-jaman kang rengkah

tanpa kendhat nempuh kukusing pasulayan:

Geni kang ora tau sirep sajroning netramu

sanajan gendhing lan kidung wus gilir gumanti

miyak abad baka abad kang tansah kebak sungkawa.

 

Oh Srikandi, sawangen kang permati, Wong Ayu

Sewu taun aku isih jejeg satengahing palagan

Ngregem watang tombak pindha gujengi lungiting panandang

tugur kanti dedeg kang tatag, mapak tebaning pepesthen

ngrantu lumepasing pusakamu kang pungkasan:

Jemparing turidhasmara kang bakal natas panelangsa

kang wus sewu taun dak gurit nganggo tetesing getihku.

 

Sriwedari-Solo, pungkasaning Januari 2007

 

 

SENDHON ING DINA
NATAL

Isih dak simpen ceritamu iki: Luh kang tumetes

kaya dene gerimis kang mecaki dalan cengkar

antaraning Getsmani lan Golgota. Banjur gurit surup

kang pindha khutbah ngumandang saka gisiking akasa,

“Katresnan mono Wong Ayu, mesthine tan beda

kalawan iman, luwih teguh tinimbang pepati lan kasangsaran.


Solo,
Desember dina pungkasan, 2005

 

Anggitane:

Jarot Citrowinarno
Setyoko,
Lahir di Sragen.
Bersekolah di jurusan Sosiologi Unsoed dan jurusan Ilmu Administrasi Negara
Unwiku Purwokerto. Selain mengelola Institut Banyumas Dwipa (IBD),
Ia
mengurus Dewan Kesenian Kabupaten Banyumas (DKKB) dan
halaman budaya Bendrong Kulon-Radar Banyumas.
Admin

Admin

SKSP

POPULER

Puisi – Puisi Quinta Sabrina

Puisi – Puisi Quinta Sabrina

2 Juli 2024

Tentang Redaksi

11 Juli 2024
Puisi – Puisi Tania Rahayu

Puisi – Puisi Tania Rahayu

2 Juli 2024
Puisi-puisi Rifqi Septian Dewantara

Puisi-puisi Rifqi Septian Dewantara

15 November 2024
  • Disclaimer
  • Kebijakan & Privasi
  • Kerjasama Korea Selatan

© 2024 SKSP - All Rights Reserved.

No Result
View All Result
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan

© 2024 SKSP - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In