Kirim Karya

SKSP Book Store
No Result
View All Result
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan
No Result
View All Result
SKSP Book Store
No Result
View All Result
Home Gurit

Geguritan H.M. Nasruddin Anshoriy Ch.

Admin by Admin
2 Juli 2024
0
Geguritan H.M. Nasruddin Anshoriy Ch.
Share on TelegramShare on WhatsappShare on Twitter

 

 

Geguritan puniko diwaos kalian Poro Winasis wonten acara Dialog Seni dan Budaya Yogya Semesta ke-140 kanthi judul “Perang Lawan Covid” ing Pendopo Wiyotoprojo, Kepatihan, Yogyakarta, Selasa, 31 Agustus 2021, wekdal 15.00-17.00 WIB. 

 

 

SUWUK CORONA

 

Kanti nyebut Asmo Kang Akaryo Jagat

Kanti madep manteb nyuwun tulung dumateng Gusti Pangeran Kang Murbeng Dumadi

Kanti niat reresik kabeh rereget ing segoro ati lan ing langit bumi

Suwuk Corona iki tak kumbah nganggo dongane poro Nabi

Tak kelekke kali nganti ora iso bali

 

Suworo Adzan Pitu njedul soko langit dan soko bumi

Gumregah dadi suworo bledheg yang kang nyamber-nyamber

Banaspati kabeh mati

Gendruwo kabeh mati

Virus Corona kabeh mati

 

Wis tinulis ono ing buku pinter lan kitab suci

Rusake ndunyo iki jalaran soko polah tingkah manungso

Kebak dosa lan lali kabeh marang Gustine

Mringis naliko kebukak wadi

Mrongos naliko pinesti dadi tumbale bumi

 

Kabeh kudu percoyo menowo virus corona iki asale seko kelakuane manungso

Ngakune manungso nanging tumindake lakune kewan kabeh

Prasasat luwih olo ketimbang babi lan asu

Mugo-mugo kabeh mou ndang tobat supoyo uwal soko bebendu

 

Suwuk iki ngruwat jagat

Reresik segoro lan gunung

Niti laku amrih urip luwih becik lan ninggalke nefsu lan nesu

Suwuk iki ngrawat sawiji greget sengguh ora mingkuh

Suwuk iki nggedruk bumi supoyo minggat kabeh memolo lan balak bilahi sing gawe leloro lan gawe pati

 

Gedebuh krincing gobras-gabrus bablas coronane

Minggat kabeh sekabehane leloro kang marahi peteng ndedet kahanan ndunyo

Minggat kabeh kelakuan elek koyo telek poro manungso

Ajur mumur ati olo kebak dosa sing gaweane dadi tukang fitnah lan tego nglarani sepodo-podo

 

Suwuk iki nyuwil ngendikane Gusti Pangeran Sing Nyekel Nafase Langit lan Bumi

Kanti pangucap Ora Ono Kang Wajib Disembah Kejobo Gusti Kang Murbeng Dumadi

 

Suwuk iki nyuwil ngendikane Kanjeng Nabi

Supoyo slamet soko kabeh beboyo moko kowe kabeh kudu gegandulan marang Qur’an lan Sunnahe Nabi

Ojo pisan-pisan tumindak olo karo wong mlarat lan ojo nggetak bocah yatim

 

Suwuk iki ugo nyuwil pangandikane poro wali kang wus nulis kidung rumekso ing wengi

Kanti nyekel iman sing tan keno wola-wali

Kudu andap asor kudu lembah manah lan kudu wani ngunduh wohing pakerti

 

Suwuk iki dirapal nganggo ati kang wening

Diseblakke ono tawang sing kebak lintang nganggo ngucap syahadat kanggo pepeling

Kabeh gendruwo kabeh bebendu kabeh memolo minggat seko ndunyo

 

Suwuk iki disebulno marang ubun-ubun kabeh bayi lan kabeh rondo

Dadi pepadang dadi obat lan dadi kolosubho kabeh menungso

Kanti pangucap wolo-wolo quwwato

Kanti pangucap yo kayuku yo kayumu

Kanti pangucap semeleh ben ora seleh

Kulo nyuwun tombo teko loro lungo marang Gusti Allah Kang Mangerani Sedoyo Titah

 

Suwuk iki tinemu soko laku prihatin lan nglakoni topo broto 

Kakang kawah lan adi ari-ari podo kumpul melu ngamini

Kiblat Papat Limo Pancer soko ati kang wening bening lan nyawiji

Nggolek pepadang nganggo wirid lan nyinau langit bumi

 

Kabeh Gong wus tinabuh kanggo ngresiki kabeh residu ing jero ati

Nang Ning Nong Gung 

Nang Ning Nong Gung

Nang Ning Nong Gung

 

Kang Moho Wenang bakal paring Ati Wening

Semar Gareng Petruk Bagong kabeh podo ngajak tumindak becik lan tansah nyembah Kang Moho Agung

 

Jogja, 10 Muharram 1443 Hijriyah

 

 

 

Panggurit

 

H.M. Nasruddin Anshoriy Ch. inggih meniko Budayawan lan Kiai ing Pesan Trend Budaya Ilmu Giri, Yogyakarta.

Admin

Admin

SKSP

POPULER

Puisi – Puisi Quinta Sabrina

Puisi – Puisi Quinta Sabrina

2 Juli 2024

Tentang Redaksi

11 Juli 2024
Puisi – Puisi Tania Rahayu

Puisi – Puisi Tania Rahayu

2 Juli 2024
Puisi-puisi Rifqi Septian Dewantara

Puisi-puisi Rifqi Septian Dewantara

15 November 2024
  • Disclaimer
  • Kebijakan & Privasi
  • Kerjasama Korea Selatan

© 2024 SKSP - All Rights Reserved.

No Result
View All Result
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan

© 2024 SKSP - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In