Nyekar
Nang
dina kemis grimis
Donga-donga
padha medhun
Sekang
langit kepitu
Methuk
malekat
Sing
nggendong berkahe langit
Srengenge
tambah angslup
Slurup
dadi rep sing asrep
2017
Jangkrik
Ana
wektu jangkrik-jangkrik
Padha
faseh nyelawati wengi
Krik
krik krik
Krik
krik krik
Biyunge
sapa sing durung turu
Biyunge
bocah sing nurokna bocah
Dikancani
onine jangkrik
Selawat
alam
Sing
siki diganti
HP
karo tivi
2016
Guru
Dudu
guru
sing
digugu ditiru
Ningen
rama biyungmu
Madrasah
budi pekertimu
Kringete
sing milini
Donga-donga
2017
Sinding
Yakuwe
sawah sing semending
Ora
dawa ora amba
Ning
mberkaih
Iwak
bethik
Iwak
sepat siyem
Iwak
bayong
Iwak
sepat jawa
Iwak
lunjar
Iwak
curing
Iwak
jaer
Iwak
Lele
welut
Umaeh
iwak-iwak
Sinding
sing
Kahanane
Ora
kesanding
Pindah
maring
Piring-piring
2016
Tangi
Turu
Saben
wengi nyong angel turu
Saben
esuk nyong angel tangi
Karepane
seduwur lintang-lintang
Sing
gemebyar nang langit
Saya-saya
ana motor mabur
Liwat
sekang wetan
Ditembangi
“motor
mabur njaluk duwite,
Ora
ulih sogok silite”
Ningen
urip
Jere
kaki nini
Dudu
angenan
Sing
gur ditembangi
Kudu
ditemenani
2018
Penulise
*) Ahmad Sultoni, Dosen nang Institut Teknologi
Telkom Purwokerto. Siki agi sinau nang Program Doktoral Pendidikan Bahasa
Indonesia UNS. Buku puisi Dongeng Pohon Pisang (2019) dadi karya
pertamane, lan “Selepas Musim Menjauh” (Jejak Pustaka, 2021) dadi karya
kelorone. Siki manggon nang Adipala, Cilacap, Jawa Tengah.