Kirim Karya

SKSP Book Store
No Result
View All Result
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan
No Result
View All Result
SKSP Book Store
No Result
View All Result
Home Gurit

Geguritan Budi Wahyono

Admin by Admin
2 Juli 2024
0
Geguritan Budi Wahyono
Share on TelegramShare on WhatsappShare on Twitter

JADWAL WAYAH ESUK

 

Tabuh telu iki kudu cethik geni

Mawa areng balapan pating grengseng

Mlethek plethok-plethok saka pawon

Mrambat ruwang tamu

Mlipir kamar turonmu

Geneya kebribenan tangi?!

Gumbregaha, wudlu, tumuju subuh

Balikmu wis cemepak sak kabehe lawuh

 

Sak iki banjur giliranmu

Nyebarake saketheng gorengan gaweyane simbok

Menyang bakul-bakul njero pasar

Sak durunge sing kulakan padha bubar.

 

Gemblegan, Solo, 2021

 

 

JADWAL WAYAH
AWAN

 

Bubar tlusupan keceh mburu butuh

Pikiran leren njajal nglabuh

Kaya gemetere lakune kapal kae

komplit santer keluke

 

Yen kepengin gemlethak

sak petungan ana lincak

pegel githok, manjer geger  lan

mubeng sirah

nyawiji pasrah

Ora ketang sak jam; bubar kuwi

bali balapan.

 

Semarang, 2021

  

 

 

JADWAL WAYAH
SORE

 

Jogan kebak racikan; irisan tempe

irisan lombok, adonan glepung

rajangan werna-werna klebu

parutan klapa

nyokong urip dedeg prasaja

 

Yen kabeh gaweyan wis rampung cemepak

Ndhekep dhipan kesurung kepenak

Aku ora kepengin mabur dadi  tukang nyanyi

bintang film tekan sinetron

Cukup nonton karo nguntuti beton

nyamleng – ora perlu nggayuh sing methentheng.

 

Tlogomulyo, 2021

 

 

 

JADWAL WAYAH
WENGI

 

Nibakke awak ana dhipan cekak

Kasur gripis tipis dudu weton iklan

Nanging kasur sing tansah ngabekti karo janji

puluhan taun ora nate gawe getun

Nyurung lintingan awak tumuju gapuk

kapuk-kapuk njimpes ora netes

Sedaya kula lila Gusti

Mlajenge gesang namung pasrah mili.

 

Semarang, 2021

 

WARUNG TENGAH
KAMPUNG

 

Isih kewaca, cagak pring cilik sing ndhelik

ana warunge Cik Wa tengah kampung sing

ora nate kelangan rubung

Saka sak wernane premen, dolanan plastikan

tekan gula pasir buntelan seprapatan

 

“Sekilo wae Cik,” pesenku. Cik Wa kaget nyawang aku

“Prapatan gunggung papat gelem?”

Guluku gemeter santer

Awak kedher

Apa maneh bareng ana mbok tuwa nyusul nempil gula
seprapat

kabeh entek, gawe mlongo

Tak walik kaca-kaca buku sing temangsang sirahku

Gula sepratan loro tak caoske

Ndlongop gumunne, mbuh kapan rampunge.

 

Semarang, 2021

 

 

 

SETENGAH UNTING
BAYEM

 

Bayem setengah unting, kanggomu kakehan

mung karo bojo; wong loro

Ana ngarep warung cagak pring petung

nekad nunggoni wong tuku karo milang-miling

Sapa ngerti bisa diajak blandhronan

nempil bayem untingan?!

 

“Ora sah nungu, cupet wektumu

Iki tak caosi separo,” tembunge grapyak

Sisa dhuwit dijereng-jereng

Teri sak buntel gage digoreng

Sanadyan lali mikir, dhedhepan tensi terus ndhukir.

 

Wonogiri, 2021

 

 

 

PITIK
PANGGANG

 

Pitik panggang
kebak bumbu sing

mbiyen nate
mbok grujugi bumbu

mung krasa tak
ambu wangi lan gurihe

njaga wibawa
dipupurke pitik mau

saka dhadha
tekan mekangkange pupu

gawe mesem
nalika banjur kelingan sliramu

 

Pitik panggang
sing digandrungi penggedhe iki

Nyeret banter
pikiranku dadi lega

Sega anyar
pulen kemebul lan sambel ulegan ana lemper

sing pedhese
molat-molat

nyurung awak
dadi giras; nekat nemoni awak wewegmu

Adhuh! Pikiran
alaku dadi kemlebat

Nyawang pupu
suburmu sing ora mekakat.

 

Slogoimo, 2021

 

 

 

TUWA
BARENG

 

Aku  mesem sujana

nyawang awakmu
sing bebarengan mabur angkasa

Menep. Temangsang
nginep endha saka rusuh dhedhep

 

Nanging,
awakmu ora ana kene

Ana prapatan
dalan sing kebak pit montor penthalitan

Aku tambah
gregetan nalika

tangan alusmu
nyikep bangkekan

blas ora mikir
kapangku sing keplantrang

 

Jogjakarta, 2021

 

 

 

REREGET

 

Rereget sing
diseret ana grobag

Ora mung
ngusung turahan saka kiwa tengene pawon

Nanging uga
bathang tikus sing kalah playon

Gandane
nyubles irung nganti bolong

saengga lara
pilek dadi mak plong

 

Ganda puleg
mau mrambat ana pikiranmu

Kegawa menyang
warung lan andrawina prasaja

Mencok kenceng
nalika anakmu sing mbok dulang meneng

 

Kebangeten!
Bathang kok tegel ora diplastiki

Apa maneh
dirangkepi

Gandane nlusup
menyang kupinge sisihanmu

Nganti nesune
sumup ana kupingmu:

“Pak, sesuk
prei. Njaga wibawa ben aji!”

Awakmu
domblong, nyawang bolong dhastere sisihan

“Aku mandeg
sasi ngarep Bu, kareben dhaster

rega telung
puluh lima ketuku,” semaurmu.

 

Semarang, 2021

 

 

 

SEDULUR
BANJARNEGARA

 

Udan-udan ndhekep
hawa adhem

Ora kinira
pancen; nalika esuk mau

srengenge sumunar
babar

Nyeret awan
bruwet gawe byayakan

memehan
kelangan papan

 

Klebu awakmu

sing tangi
esuk mau, sak genthong dhawet

komplit santen
lan juruh

ngremet abuh

bathuk
mengkeret gemontang tabuh

arep bali
ndesa sing isih nelangsa

apa mbacutake
kontrakan sing sasi ngarep

kudu genep?

 
 
 
 
 
 
Penggurite
 
 

            Budi Wahyono, penggurit kelairan Wonogiri. Guritanne
kapacak ana ariwarti Parikesit, Panjebar Semangat, Jaya Baya, Kartika, Mekar
Sari, Derap Guru, Suara Merdeka, Solopos, Chandra Pustaka, Swaratama. Bola-bali
entuk penghargaan ing babagan geguritan, minangka pemenang lomba. Sakliyane
geguritan uga nulis cerkak. Kumpulan Geguritane sing wis nate terbit: “Mung
Remukan Gorengan” (2020), “Kelingan Gaplek” (2021), uga semebar ana
pirang-pirang antologi. Sejene nganggo medium basa Jawa uga nulis kanthi basa
Indonesia wujud; esai, kolom, puisi, cerpen, laporan, resensi, lsp. Magister
lulusan Fisip UNDIP iki manggon ana
pinggiran kutha Semarang.

___________

Alamat kagem Sdr. Redaktur:
Budi Wahyono
Graha Mutiara B2 RT 09 RW 09, Tlogomulyo, Pedurungan, Semarang 50195
HP 08156571449

Admin

Admin

SKSP

POPULER

Puisi – Puisi Quinta Sabrina

Puisi – Puisi Quinta Sabrina

2 Juli 2024

Tentang Redaksi

11 Juli 2024
Puisi – Puisi Tania Rahayu

Puisi – Puisi Tania Rahayu

2 Juli 2024
Puisi-puisi Rifqi Septian Dewantara

Puisi-puisi Rifqi Septian Dewantara

15 November 2024
  • Disclaimer
  • Kebijakan & Privasi
  • Kerjasama Korea Selatan

© 2024 SKSP - All Rights Reserved.

No Result
View All Result
  • Esai
    • Esai
    • Esai Terjemahan
  • Puisi
    • Puisi
    • Puisi Terjemahan
  • Cerpen
  • Gurit
  • Galeri
  • Katalog Buku
    • Info Buku
    • Beli Buku
  • Tentang Redaksi
  • Kerjasama Korea Selatan

© 2024 SKSP - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In